Selasa, 20 September 2011

Bab Geguritan

Geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair. Mula, ana kang ngarani syair Jawa gagrag anyar. Tembung ‘geguritan’ saka tembung ‘gurita’. Tembung ‘gurita’ owah-owahan saka tembung ‘gerita’. Tembung ‘gerita’ linggané ‘gita’, tegesé ‘tembang utawa syair’. Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, saiki mujudaké wohing kasusastran puisi kang warna-warna wujud dhapukané. Adhedhasar dhapukaning ukara lan pangiketing tembung, warna-warna araning geguritan bisa kapèrang kaya ing ngisor iki:
1.    Syair rong gatra sapada (gita dwigatra)
Pangajab
Atimu kang wingit mara sèlèhna ing dhadhaku,
atimu kang wengis mara tumpangna ing tanganku.


Priya kang tansah ngulandara mara nyedhaka,
ing tanganku tumètès anyesing banyu sih sutresna.


Angin bengi angining pangayoman,
mara nyedhaka ing samubarang tumandukmu.


Priya kang tansah ngulandara,
ing kéné ana halte pungkasan.

(Napsiah Sastrasiswaja, Djaja Baja: XVIII No. 28, 16)
2.    Syair telung gatra sapada (gita trigatra)
Anak
Kemandhangé kaluwarga
kang ngasri bawana
klawan warna rupa bedhekan.



Iya berkah paringé pangeran
tali-talining karep lan katresnan
kang nyancang marang alam kasunyatan.

(St. Iesmaniasita, Mekarsari: XI No. 16, 1967)

3.    Syair patang gatra sapada (gita catur gatra)
Wengi
nganti adoh parané kasepen nggilet donya,
dikembangi sunaré rembulan tanggal tuwa,
dumelung nglangut asu mbaung,
wenginé sangsaya liwung.
(Eddy D.D., Djaja Baja XVIII, 1964:16)

4.    Syair limang gatra sapada (gita panca gatra)
Lintang-lintang
lintang-lintang abyor ing tawang
cumlorot sliweran nalika alihan
kumléyang méncok ing socamu asihku
cahyané gumebyar sunaré gilar-gilar
ing telengé atimu sliramu tansah dakantu


lintang-lintang alihan
cumlorot telu ana pundhakku
kawitan lintang abang lintang perang
kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan
(Suharmono, Jaya Baya. XXXI, 1977:26)

5.    Syair nem gatra sapada (gita sadgatra)
Tresnaku marang Dasih
Sanadyan kaya ngapa kerut samirana
kabuncang ing pangumbara
seminé pucuk-pucuk mlathi
tansah dakanti awan bengi
kanthi donga panyuwun
marang rama ibu lan Gusti
(Trilaksita, Djaja Baja. XIX No. 42:24)

6.    Syair pitung gatra sapada (gita sapta gatra)
Tapel Wates
Apa bakal kokpasrahaké jembaring dhadhamu,
pinangka wedaling tresna,
urip rak mung sak mampir ngombé,
ana janji-janji sing durung tinebus bali,
putihing mlathi lan wengi
biruning tresna lan ati,
sarta kijinging nini-nini
(Trim Sutidjo, Djaja Baja. XIX No 4:24)

7.    Syair wolung gatra sapada (gita hastha gatra)
Ing Sihing Gusti
Mitra aja uwas atimu,
nadyan nèng tepining jurang,
weteng-weteng sing muntir ora dipikir,
ati ngedhap ngèlingi urip sesuk,
lan saya badhegé jaman édan,
sokna atimu mitra!
ing sihing Gusti
ing sihing Gusti
(Soejono, Djaja Baja. XIX No. 27, 1965:24)

8.    Syair sangang gatra sapada (gita nawa gatra)
Jakatholé
Aku iki pangumbara saka sabrang kidul,
ing Madura ngupaya lurung agung,
tumuju marang jangka sejarah,
klawan jangkah angarah candhi madu revolusi,
aku iki turunmu tunggal bumi
o, Jakatholé pecutmu nggugah semangat,
siniram amis getih papa anjerit kataman duhkita,
Jakatholé, aku antuk waris teguhing jiwamu,
arep dakbektèkaké marang nusa bangsa.
(Anie Soemarno, Djaja Baja. XIX No. 4:24)

9.    Syair dhapur soneta
Kawruh
Saliring kodrat kang tinon mripat,
apa dene kang tan kasat mata,
kabèh tumindak miturut sipat,
garis angger-anggering jagad raya.


Wit lumrahing janma nèng jagad,
tan sepi anané para sarjana,
rina lan wengi tan kendhat-kendhat,
marsudi angering tribawana.


Sarana pakarti lawan samadi,
sanityasa ngetog mangulir budi,
wohing pamardi tinatata titi.


Ginelar ing kandha sarwa tètèh,
murih gampang katampa akèh,
murakabi uripé janma kabèh.

(Intojo, Kejawen. XVI, 1941)
Supitan Bali
Ombak kocak kimplak-kimplak
prau layar milir alon alesu
nangkodha gita agiyak-giyak
lelagon lagu seru keprungu

plampung kampul kompal-kampul
pindha anak lunjak-lunjak
suka surak girang gumuyu
weruh bapak mbopong iwak

lampu-lampu menara kelap-kelip
nétrané Raden Bantrang Dewi Surati

laut iki supitan Bali
watesé tanah Jawa Bali

laut iki supitan Bali
patemoné kabudayan Jawa Bali
(Prijanggana, Djaja Baja. XVIII No. 18: 15)

10.    Syair/Geguritan bebas
Cobaning Urip
Jroning urip aku naté ngalami
lelakon kang gawé ngunguning ati
ana sawijining paraga
temené aku ora naté kandha
uga ora nulak sihing sapadha-padha
nanging ya géné ora kuwawa nampa
isining ati kawedharaké marang aku sawiji
apa aku ora andarbeni
rasa nyawiji
aku ora ngerti . . . .
Apa dadiné
kanyatan ora marengaké
lan aku tansah percaya
yen kuwi mung sawenèhing coba
urip kuwi mung saderma
dadi pelaku ing madyapada.
(Cece atmaja, Panjebar Semangat. XLIII No 34:14)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar