Selasa, 20 September 2011

MANEKA WARNA UPACARA MLIGI KANGGO MIMBUHI KAWRUH BAB UPACARA NINGKAH CARA JAWA



Ing bab ningkah cara Jawa, ana sawetara pakulinan mligi kang katindakake, gayut karo kang diningkahake. Dheweke iku statuse ana ing kulawarga kepriye. Upamane: randha apa dhudha, anak barep apa wuragil, nglangkahi, lan liya-liyane. Upacara mligi kang sok-sok ditindakake upamane:
Upacara Bubak Kawak
Upacara bubak kawak iki katindakake nalika ijabe anak barep. Upacara panggih tetep dianani. Mung wae ing kene bapakne manten putri ngombe rujak degan. Sawise ibune manten putri menehi rujak marang bojone lan banjur diombe, tumuli nakoni: “Apa rujake kurang enak?” Diwangsuli: “ Rasane enak lan seger!” Rujak mau banjur diwenehake marang kang wadon maneh, supaya melu ngicipi. Sawuse ngrasakake nuli kandha: “ Pancen nyata rujak degan iki enak lan seger”. Sabanjure rujak mau diwenehake marang manten sakloron supaya padha ngicipi.
Upacara Tigas
Upacara tigas iki mung mligi ditindakake ana ing akad nikah antarane jaka lan prawan lan tetep nganggo upacara Panggih.
Upacara Langkahan
Upacara langkahan iki katindakake  manawa calon manten putri anggone ningkah luwih dhisik katimbang kakangne kang durung ningkah. Sadurunge akad nikah, calon manten putri kudu jaluk idin marang kakangne kang dilangkahi. Tumindake bab iki lumrahe diwiwiti sadurunge midadareni. Jalaran upacara iki asipat mirunggan, mula lumrahe mung sineksenan dening kulawarga. Biyen upacara iki ditindakake ing sangareping senthong utawa kamar tengah, nanging samengko iki katindakake ing kamar manten.
Sadurunge upacara langkah katindakake, kakangne utawa bakyune siyaga nganggo dandanan jawa lan lungguh sila utawa timpuh ing papan kang wis dicawisake. Dene urut-urutane tumindak mangkene:
1. Calon manten ngadhep kakang utawa mbakyune kanthi lungguh timpuh lan nuli nyembah sinambi kandha utawa ngomong: “Kangmas utawa mBakyu, kula nyuwun idin badhe ngrumiyini lumampah, saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kula kekalih  samangke dumugi papan kang kula sedya lan manggih seneng, tinebihna ing rubeda sambekala, Amin.”
2. Sawise ngucap mangkono mau, nuli calon manten sungkem karo ngambung dhengkule tengen dikantheni niat utawa sedya kang tandhes temenan. Kangmase utawa bakyune nampa sarana numpangake tangane ana ing pundhake kiwa tengen adhine sarana numpangake tangane ana ing pundhake kiwa tengen adhine sinambi mangsuli: “ Dak paring idin lan palilah lumakua dhisik, slamet ora kurang sawiji apa, tekan papan kang kok tuju. Muga-muga Gusti Kang Maha Agung tansah maringi seneng ing sapandhuwure lan aku enggal nututi. Amin.” Nuli calon manten lungguh maneh ing papan sekawit banjur masrahake sanggan kang wujud: pisang raja, kembang telon lan benang lawe sarta tali asih utawa tandha mata, bisa wujud apa wae.
Upacara Tumplak Punjen
Upacara tumplak punjen lumrahe ditindakake nalika wektu ijab kanggo anak wuragil. Sarat-sarat kudu dicukupi ing upacara tumplak punjen iki yaiku gawe kanthongan-kanthongan cilik kang nuli diiseni: dhuwit receh utawa logam, empon-empon, beras kuning, lan kembang sritaman. Ngenani akehe dijumbuhake karo kekuwatane. Kabeh kanthongan cilik-cilik mau dicemplungake bokor kang uga isine padha karo kanthongan cilik-cilik mau. Sabanjure kanthongan-kanthongan cilik mau didum-edumake dening ibune manten maranng anak-anake kabeh, wiwit saka kang barep tekan wuragil kang bakal dadi manten. Turahane diwenehake marang para tamu. Sabanjure wiji-wiji kang ana ing bokor siyaga kasebar kanggo putu-putune kareben ora ana kang keri. Upacara tumplak punjen iki ditndakakake sadurunge upacara sungkeman. Persise sawise upacara kacar-kucur utawa tampa kaya lan sadurunge wong tuwane manten kakung dipethuk.
Upacara Macul Tumpeng
Upacara macul tumpeng iki katindakake wektu ijab antarane sedulur misan utawa nunggal embah buyut lan manut sarasilah manten wadon luwih tuwa katimbang manten kakung.Tumindake kudu di dhisiki nganggo sarat manten kakung macul tumpeng, sabanjure kanthi ngadeg nrajang benang lawe. Upacara iki ditindakake sadurunge upacara panggih.
Suwalike menawa manut salasilah, manten kakung luwih tuwa katimbang manten putri, mula manten kakung ora kudu macul tumpeng, ananging cukup srana nrajang bolah lawe wae. Sawise iku ditindakake upacara panggih.
Upacara Nyiram Bugel
Nalika sajroning nindakake akad nikah mantene wadon wis randha, nanging durung duwe anak ( randha kembang) sarat kang kudu dilakoni yaiku manten kakung nyiram bugel, yaiku kayu kang wis diobong kanggo olah-olah lan isih mengangah ( ana genine). Upacara iki katindakake ing sangarepe lawang, sadurunge upacara panggih. Suwalike Manawa kang nindakake ijab antarane prawan karo dhudha durung anak-anak, kang nindakake nyiram bugel manten putri, uga ana ngarep lawang sadurunge upacara panggih.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar