Selasa, 20 September 2011

Gurit Tembang Ibu Pertiwi

Sunaring sang pradanggapati tansaya surut,
nyelaki hancala ing sisih pracima
Sinarengan cahya candhik ala kang ungup-ungup,
mratandhani tekaning wayah surup
Sinawung sumiliring pawana ngidid,
lamat-lamat karengu
swaraning kekidungan kang edi peni
Ibu Pertiwi,
paring boga lan sandhang kang murakabi,
peparing rejeki manungsa kang bekti,
Ibu Pertiwi, Ibu Pertiwi,
sih sutresna mring sesami,
Ibu Pertiwi, kang adil luhuring budi,
ayo sungkem mring Ibu Pertiwi
Ya kidungan kuwi kang nggedhekake ati,
pinangka pisungsung pamuji mring pertiwi,
Nanging bumi iki lara ati,
nalika manungsa padha lelumban nuruti ardaning dhiri,
tan eling marang kapitunaning liyan
Jegal-jegalan rebut kalungguhan,
Adol lamis ngemis kamulyan,
Ya mung arep ngrengkuh raharjaning kadonyan
Dhuh Sang Pertiwi,
apa putramu Kala wus nagih janji,
apa sastra pedati ing jajanya tan kawaca manungsa,
kok prahara tansaya ndredah tanpa taha-taha
Heh, manungsa padha elinga!
yen sejatine kowe kabeh kang padha milara Dewi Pertiwi
endi sembah bektimu,
endi atur panuwunmu,
endi tanggungjawabmu,
endi prasetyamu…!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar